Materi dan tugas bhs jw kls 8


Nilai-nilai budi pakarti iku antarane yaiku tepa slira, wani tumindak bener,
tanggung jawab, jujur, ngurmati marang sasama, andhap asor, sopan, sregep,
duwe rasa isin, sabar, lan sapanunggalane. Ing karya sastra Jawa akeh ditemokake
babagan piwulang budi pakarti salah sijine yaiku lumantar tembang macapat.
Kajaba kepenak dilagokake kanggo panglipur, tembang macapat iku manawa
didhudhah isine pranyata uga ngandhut pitutur luhur. Saka sakehing tembang
macapat kang digunakake kanggo mbabar pitutur luhur mau, salah sijine yaiku
tembang Dhandhanggula.

Tembang macapat iku minangka salah siji wujud tembang tradhisional ing
tlatah Jawa. Diarani macapat amarga olehe nembangake pedhotane 4-4, uga
ana kang ngandharake manawa macapat iku saka tembung ma + cepat, iki
amarga manawa nembangake macapat mung rerikatan bae, ora nganggo
wiledan utawa elak-eluking swara kang njalari dadi suwene. Tembang macapat
kalebu tembang tradhisional, amarga kaiket ing aturan/paugeran tartamtu.
Paugeran-paugeran jroning tembang macapat, yaiku:

  1. Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik/baris ing saben pada. Cethane, saben sapada (satembangan) tembang macapat apa bae wis ditentokake cacahing gatrane.
  2. Guru wilangan yaiku cacahing wanda ing saben gatra. Cethane, saben gatra/larik tembang macapat apa bae wis ditemtokake cacahing wandane
  3. Guru lagu yaiku tibaning swara/dhong-dhinging swara ing pungkasaning gatra. Cethane, saben gatra/larik tembang macapat apa bae wis ditemtokake tibaning swara ing pungkasaning gatra mau, bisa a, i, u, e, utawa o.
























Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!

DHANDHANGGULA
Jungkat siti panggaraping sabin,
laku saru datan ilok tenan,
tadhah udan sing ginawe,
den ilangana sampun,
awit iku kang dadi ciri,
tumrap manungsa gesang,
awon dadosipun,
lamun saru trus binekta,
iki jeneng nistha kang tanpa upami,
tan pinercayeng liyan.

Saka tembang ing dhuwur bisa dijupuk dudutan paugerane tembang
macapat Dhandhanggula, yaiku:
guru gatra : 10
guru wilangan : 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
guru lagu : i, a, e, u, i, a, u, a, i, a




Gladhen :
Gatekna tembang rong pada ing ngisor iki :
Pada 1 :
Lire lalabuhan tri prakawis,
Guna bisa saniskareng karya,
Binudi dadi unggule,
Kaya sayektinipun,
Duk mbantu prang Manggada nagri,
Amboyong putri dhomas,
Katur ratunipun,
Purune sampun tetela,
Aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,
Suwanda mati ngrana.

Pada 2 :
Bapak pucung dudu watu dudu gunung
Dawa kaya ula
Ancik-ancik wesi miring
Yen lumaku si pucung ngumbar suwara

Garapen Soal Ono ing Ngisor Iki!
1. Kepriye paugerane: guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane ing pada 1 ?
2. Kepriye paugerane: guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane ing pada 2 ?
3. Apa bedane antarane tembang pada 1 lan pada 2 ?
4. Kagolong tembang apa pada 1 iku ?
5. Tembang kang pada ka 2 iku kagolong tembang apa ?


Jawaban ditulis di lembar kertas dan difoto kemudian dikirim ke Email : titik42893@gmail.com 
terakhir tgl 28 maret 2020

Komentar

Postingan populer dari blog ini